Postingan

Lutung Kasarung

Ing Tanah Pasundan, ana crita kuna sing wis turun temurun. Crita iki diwiwiti ing sawijining kraton sing dipimpin raja kang wicaksana banget, asmane Prabu Tapak Agung. Prabu iki duweni putra loro, yaiku Purbasari lan Purbararang. Nalika arep pungkasan yuswane, Prabu Tapak Agung ngumpulke anak-anake lan kandha yen panjenengane kepengin leren saka jabatan raja. Panjenengane menehi wasiat marang Purbasari supaya nggantekake posisine minangka ratu. Nanging, Purbararang, kang dadi mbakyune, rumangsa ora trima. Dheweke rumangsa luwih pantes mimpin kraton timbang adhine. Amerga iri, Purbararang banjur nemoni mbah dukun kanggo nyelakani Purbasari. Akibat saka ilmu hitam e mbah dukun, sekujur kulit Purbasari dadi kebak totol-totol ireng. Keadaan iki digunakake Purbararang kanggo ngusir Purbasari menyang alas. Senajan urip ana ing jero alas, Purbasari ora ngrumangsa sepi. Dheweke dadi duwe kanca-kanca kewan, salah sijine yaiku lutung utawa ketek ireng. Lutung kasebut saben dina tansah ngehibur P...