Lutung Kasarung
Ing Tanah Pasundan, ana crita kuna sing wis turun temurun. Crita iki diwiwiti ing sawijining kraton sing dipimpin raja kang wicaksana banget, asmane Prabu Tapak Agung. Prabu iki duweni putra loro, yaiku Purbasari lan Purbararang.
Nalika arep pungkasan yuswane, Prabu Tapak Agung ngumpulke anak-anake lan kandha yen panjenengane kepengin leren saka jabatan raja. Panjenengane menehi wasiat marang Purbasari supaya nggantekake posisine minangka ratu. Nanging, Purbararang, kang dadi mbakyune, rumangsa ora trima. Dheweke rumangsa luwih pantes mimpin kraton timbang adhine.
Amerga iri, Purbararang banjur nemoni mbah dukun kanggo nyelakani Purbasari. Akibat saka ilmu hitam e mbah dukun, sekujur kulit Purbasari dadi kebak totol-totol ireng. Keadaan iki digunakake Purbararang kanggo ngusir Purbasari menyang alas.
Senajan urip ana ing jero alas, Purbasari ora ngrumangsa sepi. Dheweke dadi duwe kanca-kanca kewan, salah sijine yaiku lutung utawa ketek ireng. Lutung kasebut saben dina tansah ngehibur Purbasari, menehi woh-wohan lan kembang.
Sawijining wengi, lutung kasebut tapa. Saka semedine, dumadakan muncul sendhang utawa tlaga kang banyune bening lan wangi. Lutung banjur nyuwun Purbasari adus ing tlaga kasebut. Ora suwe, awake Purbasari malih dadi putri sing ayu kaya sediakala.
Nalika Purbararang niliki adhine, dheweke kaget banget ndelok Purbasari wis ayu maneh. Dheweke banjur nantang adhine, sapa sing duwe rambut paling dawa. Jebul, rambut Purbasari luwih dawa timbang rambute Purbararang.
Ora trima ngalah, Purbararang banjur njaluk adu ketampanan karo tunangane. Nanging, Purbasari mung nggandheng lutung kang wis dadi kancane ing alas. Dumadakan, ana mukjizat. Lutung kasebut malih dadi satriya kang gantheng banget, ngalahake keganthengane tunangane Purbararang. Adu-aduan iki dimenangake karo Purbasari.
Purbararang njaluk ngapura marang Purbasari lan ngakoni kesalahane. Purbasari kanthi legawa menehi ngapura mbakyune lan ora duwe niat arep ngukum dheweke. Bab dendam marang mbakyune blas ora ana ing pikirane Purbasari.
Akhire, Purbasari dadi ratu ing kraton warisan bapakne, didampingi lutung kang wis malih dadi satriya. Purbasari urip kanthi bahagia karo kekasihe.